Srengenge nyloroti njero omahe mas gugu, mas gugu langsung gregah tangi banjur mateni sentir. Omahe mas gugu urung ndueni listrik, mbiyen tau nduwe nanging rong sasi ra nduwe duit nggo bayar listrik trus listrik dicabut meneh. Saiki mas gugu urip karo wong tuane lan adine wedok ing pojok deso lereng gunung merapi, omahe pinggire wes kebonan adoh karo tonggo. Keluargane mas gugu urip sakanane kanthi ngandalke lemah 3x4 meter warisan seko wong tuane bapakke mas gugu.
Sabendino mas gugu nyambut gawe ono ing bakul salak gedhe, kerjane mas gugu noto salak sing arep diekspor ono ing negoro njobo. Nanging dino iku mas gugu lagi ora bejo, amargo mas gugu ditokke seko anggone nyambut gawe, sebabe nggon sing nggo nyambut gawe kebakar mau bengi.
Sakwise dina iku mas gugu dadi wong kang nganggur, ngalor ngidul golek gawean ra entuk-entuk. Naliko mas gugu golek pagawean ono wong tulung-tulung nggolekki weduse sing ilang, mas gugu melu nggolekki, warga nggolekki neng kandang-kandang, mas gugu lapor pak dukuh.
Nanging wong-wong podo sibuk mubeng-mubeng nggolekki wedus, ono wong sing ngekei pambicara nganggo speaker masjid, ngendhikane nek weduse wes ketemu ono ing njero omahe mas gugu. Mas gugu kaget, pak dukuh sing nang ngarepe mas gugu langsung nakoni mas gugu “gu, gugu opo bener kowe sing nyolong weduse kang kirman”. Mas gugu langsung njelaske ngalor ngidul kanthi jujur. Warga langsung ngruyuk mas gugu, sing nduwe banjur njaluk mas gugu nuruti panjalukanne “piye, nek gugu digunduli banjur diarak mubeng ndeso, podo setuju ora bapak-bapak”. “setuju” saure wong-wong kanthi kompak.
Saklebare kedadean kui mas gugu mikir-mikir “piye, caraku supoyo wargo podo percoyo nek aku pancen ora nyolong wedus kui “karo mikir mas gugu karo nyoba ngolah salak jowo dadi panganan, mas gugu ngolah kui amargo salak jowo ora podo dirumat, dadi eman-eman ketimbang bosok. Banjur karo mas gugu diolah lan didol ing warung-warung, hasile dicelengi nggo masa depane keluargane mas gugu, sawijining dinten ono wong moro kang kirman lan kang surman “mas gugu kulo mriki badhe ngaturaken bilih nyuwen ngapuroaken kang kirman, amargi mbiyen pas weduse kang kirman ilang panjenengan wonten ing griyo kulo“. Kang kirman langsung sungkem ing ngarepe mas gugu “mas kulo nyuwun ngapunten sampun nuduh njenengan lan nggunduli njenegan sakniki kulo purun mbok bilih njenengan ajeng nggunduli kulo”. Nanging mas gugu wes ikhlas rapeduli karo masalah kui. Saklebare kui mas gugu wes do dipercoyo eneh dekne dadi pengusaha olahan salak jowo sing sukses keluargane wes ora omah ning gubuk, malahan saiki wes isoh ngunggahke haji wong tuane.
bagus, jangan lupa visit http://putriaprilliaa93.blogspot.co.id/
BalasHapus